Bumiayu
Kali Keruh mili neng tengaeh Ngliak ngliuk kaya ula gede Pranti dolanan bocah kabeh Yen mancing olih akeh iwake Mbang wetan gunung Slamet katon pucuke Bias srengenge nambah apike Cicit manuk wayah esuk dadi rame Silir angin kerasa ademe Dipageri pegunungan neng sekitare Lemaeh apik banget subure Wong Tani kepenak nandure Yen panen ora kelalen ngucap syukure