Bumiayu



Kali Keruh mili neng tengaeh
Ngliak ngliuk kaya ula gede
Pranti dolanan bocah kabeh
Yen mancing olih akeh iwake

Mbang wetan gunung Slamet katon pucuke
Bias srengenge nambah apike
Cicit manuk wayah esuk dadi rame
Silir angin kerasa ademe

Dipageri pegunungan neng sekitare
Lemaeh apik banget subure
Wong Tani kepenak nandure
Yen panen ora kelalen ngucap syukure

Postingan populer dari blog ini

06102024

061077

Kenangan