AJA TIRIGAN

Menungsa lair ora anggon-anggon
Wayah semono mung bisane nangis
Saiki pengen apa bae wis keturutan
Emas nggrendel sandangan necis

Ealah..!! malah dadi ora bener
Karo wong mlarat sokan ngece
Rumangsa paling sugih paling pinter
Ora emut yen mati dadi kere

Aja tirigan yen lagi nduwe
Wong urip ora selawase neng nduwur
Adoh karo tanggane karo sedulure
Mbesuk mati sapa sing ngubur

Postingan populer dari blog ini

06102024

Kenangan

061077