Karepane Rakyat
Sing dadi karepane rakyat
Gili-gili gagiyan didandani
Aja nganti kaya kali sat
Yen lancar transportasine dadi gampang luruh rejeki
Sing dadi karepane rakyat
Brug-brug didandani karo digaweni
Ben bocah sekolah yen mangkat ora telat
Yen nyebrang kali wedi mbokan keli
Nggo apa rika obral semaya
Jarene merjuangna rakyat sejahtera
Gili karo Brug rusak malah dijorna
Gelem ora rika nalangi
Gili karo Brug pada didandani
Muga Gusti Allah nambah rejeki
Gili-gili gagiyan didandani
Aja nganti kaya kali sat
Yen lancar transportasine dadi gampang luruh rejeki
Sing dadi karepane rakyat
Brug-brug didandani karo digaweni
Ben bocah sekolah yen mangkat ora telat
Yen nyebrang kali wedi mbokan keli
Nggo apa rika obral semaya
Jarene merjuangna rakyat sejahtera
Gili karo Brug rusak malah dijorna
Gelem ora rika nalangi
Gili karo Brug pada didandani
Muga Gusti Allah nambah rejeki