Toblosan

Sedelat maning ana toblosan
Jarene pesta demokrasi
Kayong katone kaya dagelan
Para aktore pasang aksi

Gambare nampang neng endi papan
Nang dalan-dalan karo neng fesbukan
Jarene tah pen ngwakili rakyat
Paling mengkone gawe rakyat tambah melarat

Saben ana rapat Dewan mangkate sungkan
Mangkat soten mung ngisi absensi
Ora gelem melu nganti bubaran
Balik ngumah olih komisi

Pancen ora kabeh kaya kuwe
Siji lawan satus bandinganane
Angger ngotot mbelani rakyate
Wis pasti bakal kalahe

Puisi kiye mung nggo sindiran
Ngapurane mbokan gawe mangkel
Pancen kuwe wis kenyataan
Yen ora rumangsa aja Jengkel

Postingan populer dari blog ini

06102024

Kenangan

061077